Ing
ngisor iki yaiku kumpulan geguritan lan cerkak kang asli digawe dening aku
“Yuliana Setiawanti”.
Sugeng
Maos :)
Gunung
Es
Sumpek…
Kelingan sliramu
Sliramu kang ora
bagus
Nanging gawe lara
Sliramu…
Kang nglelehake gunung es
Gunung es kang atos
Kang mapan ing mataku
Nanging…
Iku biyen
Saiki wis bosen ing
pipiku
Pipiku kang resik iki
Godhong
Garing
Tresnamu rumasuk
jiwaku
Gawe godhong ing
atiku ijo royo-royo
Sansaya akeh
Sansaya ijo
Nanging…
Saiki beda
Tresnamu gawe godhongku garing
Sansaya dina sansaya tiba
Tresnamu ngawe-awe
widadari liya
Gawe tresnaku mati
Gawe tresnaku ilang
Kaya godhong garing
kang ilang kegawa angin
Kaya kena sumilir
bayu
Wangine sumerbaking
kembang
Samana ugi rasa iki
Akawit ketemu sliramu
Sliramu kang bagus
Sliramu kang kaya Arjuna
Kang bisa gawe embun ing atiku
Atiku
kang lagi kasmaran
Bangku Kayu
Sumilir bayu
Padhanging latar
Nyeret aku lungguh
ing bangku kayu
Ngeduk kenangan
Angel rasane
Abot…
sansaya abot
Atiku…
eluhku netes
Sansaya
akeh sansaya jero
Kelingan sliramu
Kelingan kenangan ing
bangku kayu iki
Sliramu lungguh ing
jejerku
Ngelus eluh ing pipi
Pepenginku
Nggugurake godhong
saka wit impen
Iku pepenginku
Kanggo disisipke ing
bantal
Muga bisa ninaboboake
mata
Mata kang ora tulus
merem
Ngyakinake calon
impen
Ana impen endah kang
wis ngawe-awe
Cah Bagus
Ora bisa turu
Kelingan cah bagus
kang dadi ati
Ora bisa nesu
Krungu suara kang
nentremke ati
Kangenku…
Sansaya
suwe sansaya dadi
Pengin
ketemu sliramu
Cah bagus kang mapan ing ati
Tresnamu
Tresnamu…
Sepadhang srengenge
Secerah langit
Kang akemben awan putih
Tresnamu…
Agawe
tentrem atiku
Agawe
pelangi ing uripku
Lan
impenku
Wong bagus…
Tresnamu wis tumanceb ing atiku
Aja lunga
Aja lunga saka uripku
Ora Nyana Ora Ngira
Wis wengi, nanging
aku ora bisa turu. Ing awang-awang ana wayangan bocah bagus kang apik budine.
“Kangen”, swara atiku. Bocah bagus kang arane Yeyen, kang biasane telephon aku,
saiki wis ora tau aweh kabar. “Kenang apa? Ana apa?”, kuwi kang dadi pitakonku.
Aku seneng marang Yeyen, nanging ora wani ngomong.
Kring…… Kring……
Kring…..
Alarmku moni. Aku
kudu tangi, kudu adus lan siap-siap mangkat kuliyah. Tekan ing kampus, dosene
ora mlebu.
“Kosong?”, pitakonku
marang kancaku.
“Iya.”, wangsulan
kancaku.
Ora suwe saka kuwi,
HP ku getar. “Haaaaaa, Yeyen telephon aku? Tembe wae membengi aku ngomong
kangen. Eh saiki telephon.”, celathuku ing batin. Sakwise ditelephon aku
ngguya-ngguyu dhewek.
“Apa iki kang diarani
kontak batin? Jebul Yeyen uga kangen karo aku, mula dheweke telephon aku. Ora
nyana, ora ngira. Hehehehe.”, omonganku ing ati.
Kembange Wong Turu
Bocah dhuwur kang kulite putih kuwi
jenenge Tia. Dheweke tembe lulus SMA lan duwe niat nerusake kuliah ing salah
siji Universitas Negeri ing Semarang. Tia lan kanca-kancane yaiku Rizki,
Salsabila, Opick pada janjian kuliyah ing Universitas kuwi, nanging kang
diterima ing kana namung Tia. Tia diterima ing jurusan Pendidikan Bahasa dan
Sastra Jawa. Tia sansaya bingung amarga kanca-kancane ora diterima ing
Universitas kuwi.
Tia : “Bapak…..
Rizki, Salsabila,
kaliyan Opick boten diterima wonten ing Universitas kuwi. Kula piyambakan pak?”
Bapak : “Lha terus
piye nduk? Masa ora dijupuk? Eman-eman ta nduk?”
Tia : “Nanging Tia ajrih menawi piyambakan
pak, bu?”
Ibu : “Hmmmmm,
ora apa-apa ta nduk. Mengko kowe mesti duwe kanca. Anyar-anyar maneh.”
Bapak : “Bener ibu
kuwi nduk. Ora apa-apa. Aja wedi ta. Jare wis gedhe.”
Tia :
“Hehehehe……. (Ngguyu karo isin). Nggih pak, bu. Tia boten ajrih malih. Nanging
Tia registrasinipun kaliyan sinten?”
Ibu : “Gampang
nduk, kowe registrasi karo bu lik mu wae.”
Tia : “Lik sri, bu?”
Bapak lan ibu : “Iya.”
Dina registrasi
wis teka. Tia dikancani Lik Sri kanggo registrasi. Amarga Lik Sri alumni
Universitas kuwi, mula kuwi nalika registrasi Tia di golekke kos-kosan sisan.
Kos-kosan bekas kose Lik Sri biyen ing gang Cempaka. Aran kose yaiku Wisma
Melati. Amarga Lik Sri tepang karo sing duwe kos, mula kuwi Tia dititipake
sisan marang sing duwe kos. Arane Mbah Tirta.
Ing Wisma Melati
Tia sekamar karo bocah Sastra Indonesia kang arane Indah. Tia lan Indah paling
enom dhewek ing Wisma Melati, amarga sing liyane wis padha semester tuwa. Ana
sing semester pitu, semester sanga, lan uga ana sing semester telu. Nanging,
sanadyan mbak kose wis padha semester tuwa, ora padha sombong. Mbak kose padha
ngakrabi Tia lan Indah. Apa maneh sing arane mbak Via, mbak Via cedhak banget
karo Tia.
Ora krasa,
Semester ganjil wis kelakon kathi apik. Saiki semester genep wis teka. Ing
sawijining dina, kancane kang arane Sofi SMS Tia.
Tia… n0nton FutsaL yukz? Tak jemPut
wis… Piye?
Tia mbales SMS
Sofi
Ukey… Q nung9u neng ngarEp kos yaA….
Ing FIK rame banget. Tia diajak Sofi
kumpul karo kanca-kancane Sofi. Ana salah siji kancane Sofi kang nyedhaki Tia
lan njaluk kenalan. Arane Anto, bocah semester loro. Sanadyan tembe kenal,
nanging Anto lan tia wis katon akrab, nganti tuker-tukeran nomer HP.
Acara futsal wis
rampung. Tia dijujugake Anto mulih ing kos. Tia mesam mesem dhewek amarga mau
kenalan karo Anto. Bocah sipit kaya China nanging kocak. Bocahe uga nyenengke,
diajak crita nyambung. Tia karo Anto sansaya suwe sansaya cedhak. Anto sering
SMS Tia, ngeterake Tia kuliyah, dolan marang kose Tia. Selasa wengi nalika Anto
ora ana rapat lan kegiatan BEM, Anto ngajak Tia dinner. Tia bungah banget.
Nganti jingkrak-jingkrak ing kamar. Jam 19:30 wib Anto wis jemput Tia. Tia
keton ayu nganggo kaos putih, sweter abu-abu, celana jins ireng, lan kudung
abu-abu. Tekan ing panggonan kang dituju, Tia langsung pesen tetedan kanggo
dheweke lan Anto. Sakwise nedha, amleng-amleng Anto nyekel tangane Tia. Tia
kaget, apa maneh nalika Anto ngomong katresnane marang Tia. Anto nembak Tia,
amarga Tia uga tresna marang Anto, Tia langsung nrima katresnane Anto. Anto
ngaras tangane Tia sakbibare Tia ngomong yen dheweke uga tresna marang Anto.
Bocah loro mulih karo ati bungah. Ora krasa, sewulan, rong wulan wis kelakon
kanthi bungah. Kaya-kaya dunya namung anggone bocah loro kuwi. Sanadyan beda
Fakultas lan sanadyan Anto sibuk ing BEM, nanging bocah loro kuwi ora tau kurangen
waktu kanggo ketemu. Ujian semester loro uga wis ana ing ngarep mripat. Anto
lan Tia uga siap-siap kanggo ujian. Sakwise ujian rampung kabeh, tanggal yudisium
teka. Kabeh mahasiswa padha nonton IP ana ing Sikadu. Anto lan Tia nonton
bareng-bareng ing warnet. Bocah loro kuwi bungah amarga IPne
mundhak kabeh. Kanggo ngrayaake kuwi, bocah loro dolan menyang pantai. Prei
semester loro uga wis teka, Tia mulih menyang Banjarnegara, menyang marang kota
asale. Nanging Anto ora mulih menyang Purwokerto amarga ana acara BEM. Tia
percaya marang Anto yen Anto ora bakal macem-macem ing kana. Nanging sansaya
dipercaya sansaya ndladrah. Anto jarang SMS,
jarang telephon Tia, alasane sibuk ing BEM. Anto nyueki Tia nganti prei
semesterane rampung. Nganti awal semester telu lan nganti Tia wis ing Semarang
uga esih cuek, ora peduli lan ora tau dolan ing kose Tia.
Sore-sore ing
kucingan, Tia ketemu Sofi. Sofi kuwi kancane Tia kang ngenalake Tia karo Anto.
Sofi : “Tia, piye kabare? Suwi ora ketemu.”
Tia : “Alhamdulillah apik ik.”
Sofi : “Owh iya, kowe esih karo Anto kan?”
Tia : “Iya,
esih. Tapi saiki Anto wis berubah. Kowe ngerti kenang apa ora?”
Sofi : (Meneng
lan temungkul) “Hmmmm, aku ora ngerti sebenere kaya apa, aku pengin cerita karo
kowe, tapi kowe janji. Kowe aja nangis.”
Tia : “Haduwh,
ana apa ta?”
Bibar kuwi, Sofi cerita babagan Anto
kang wis ora setia maneh. Sofi krungu kang kanca cedhake Anto. Anto kepenggak
karo bocah wadon, bocah semester siji. Ora krasa eluhe Tia langsung netes ing
pipine kang resik. Ing batin Tia ngomong dhewek, “Apa iki wangsulan sakabehane?
Apa gara-gara bocah cilik kuwi Anto dadi ora perhatian maneh karo aku? Ya Alloh
paringana sabar!”.
Sakwise
di ceritani Sofi, dina minggu Tia njaluk ketemuan karo Anto. Anto nyanggupi
pepengine Tia. Jam 20.00 wib, Anto menyang kose Tia. Satekane Anto ing kose
Tia, mripate Tia abang mbranang amarga nangis terus. Ing kana Tia lan Anto tukaran,
Tia njaluk wangsulan apa sebabe Anto dadi berubah. Anto ora bisa ngomong
apa-apa. Anto ngrasa salah amarga wis nyia-nyia Tia lan wis selingkuh. Anto
bakal terima apa kang dikarepake Tia. Akhire Tia njaluk putus marang anto. Anto
kang krungu Tia ngomong putus kaya-kaya disamber gledeg. Anto kaget.
Sanadyan,ing atine Anto esih ana rasa kanggo Tia, nanging Anto ora gelem gawe
Tia lara maneh. Anto nyuwun pangapura marang Tia, amarga dheweke ora bias mbagi
wektu maneh kanggo Tia, lan wis gawe Tia lara ati. Tia tambah banter anggone
nangis. “Jaga kesehatan nggih, ampun nangis malih. Kula taksih tresna marang
sampeyan, nanging kula mboten purun nglarani atine Tia malih.” Anto ngomong
kuwi sedurunge lunga.
Sansaya wengi
sansaya banter anggone Tia nangis ing kamar. Anto kang ditresnani telung wulan
lawase gelem dijak putus, dheweke nyesel wis ngajak putus, amarga dheweke esih
ana rasa kanggo Anto. Mbak Via kang krungu tangise Tia, langsung menyang kamare
Tia. Mbak Via ngibur Tia kang lagi nangis mingseg-mingseg. Mbak Via nasehati
Tia supaya ora nangis maneh, lan nyadarake Tia yen Tia kuwi di kuliyahake
supaya pinter, lan bisa dadi sarjana, dudu supaya pinter pacaran. Weran-werna
anggone mbak Via menehi nasehat. Sansaya dinasehati sansaya sadar sadar lan
mandeg anggone nangis.
Sakwise putus karo
Anto, Tia nyibukake awake kanthi melu organisasi ing kampus supaya ora kelingan
Anto maneh. Mbak Via kang weruh Tia kang wis ceria maneh melu seneng. Nanging,
sakdela maneh mbak Via wisuda. Mbak Via ora tegel ninggalake Tia kang wis dianggep
adine dhewek. Mbak Via uga was-was ninggalake Tia kang anake polos lan ora
neko-neko.
Ing sawijining
dina, Ditya dolan marang kos nemoni mbak Via. Ditya kuwi adi kelase mbak Via
kang wonge alus, sopan, lan wonge bisa bertanggung jawab.
Mbak Via : “Dit, aku meh njaluk tulung karo
kowe.”
Ditya : “Wonten napa ta mbak?”
Mbak Via : “
Aku sedela maneh wisuda. Nek aku wis ora ing Semarang, aku titip adiku ya?
Arane Tia, bocahe esih polos, aku was-was ninggalake kae dhewekan.”
Ditya :
“ Oke mbak. Insya Allah kula saged.”
Mbak Via :
“Suwun ya dit. Lha kae bocahe.”
Ditya :
“Nggih mbak, sami-sami. Tia dikon mrene ta mbak. Kula pengen kenalan.”
Sakwise kenalan
lan akrab. Ditya ngajak Tia melu bela diri. Alasane Ditya ngajak Tia, supaya
Tia bisa njaga awake dhewe. Tia gelem melu. “Witing Tresna Jalaran Saka
Kulina”, amarga wis kenal suwe lan sering ketemu karo Ditya, Tia mulai ana rasa
tresna marang Ditya. Nanging Tia ora gelem ngomong, Ditya uga kaya Tia, nanging
Ditya lagi nyiapake wektu sing pas kanggo ngomong kuwi marang Tia. Kemis wengi, sedurunge Tia turu, HP ne Tia
muni, bersamamu kasih ku merasa bahagia
dalam pelukmu, pertanda ana SMS mlebu. SMS saka Ditya.
Nggugurake godhong
saka wit impen kuwi pepenginku.
Kanggo disogake
ing ngisor bantalmu
Pangarepanku
mugi-mugi bisa ninaboboake mripat kang ora tulus merem
Ngeyakinake calon
impen, ana impen endah kang wis ngawe-awe
Met bubu Tia…..
Mugi-mugi impenmu endah…. J
Jum’at esuk Tia
siap-siap mulih menyang omah. Nanging ing ngarep kos wis ana Ditya. Ditya
ngajak Tia marang umahe kanggo ngenalake Tia karo wong tuwane. Saktekane ing
omah, wong tuwane Ditya sreg karo Tia. Mas lan mbakyune Ditya uga cepet akrab
karo Tia. Tia dolan ing umahe Ditya lumayan suwe, Tia uga sempet masak lan
makan siang bareng karo keluargane
Ditya. Amarga wayahe wis sore, Tia dijujugake mulih dening Ditya.
Lan ora suwe saka
kuwi. Kira-kira rong dina sauwise iku wong tuwane Ditya lan Ditya menyang umahe
Tia kanggo nglamar Tia. Wong tuwane Tia nrima lamarane wong tuwane Ditya lan
acara nikahane arep dilakoni ing sasi ngarep.
Sasi ngarep wis
tumeka ing ngarep mata, sadurunge dijejer, posesi siraman di lakoni dhisik. Tia
lan Guna jejer kanggo nglakoni siraman.
Guna : “Ade sayang, sampun siap siraman dereng?”
Tia : “Sampun mas.” (Karo mesem).
Byuuuuuuuuuurrrrrrrr
Byuuuuuuuuuuuuuuuuurrrrrrrrrr!!!!!!
“Selamat Ulang Tahun Selamat Ulang Tahun Selamat Ulang
TahunTia……… Selamat Ulang Tahun!”. Tia diguyur banyu amarga dina iki Tia ulang tahun. “Hmmmmm, mau mung impen ta!!! Tak kira
tenanan.”
Mbak Via :
“Tia sayang, aja ngalamun ta. Kae ta ana sing teka.”
Tia : “Sapa ta mba?”
Eluhe
Tia netes, Ditya kang mau ana ing impene teka nggawa kado kanggo Tia.
Ditya : “Sugeng ambal warsa nggih, dek.”
Tia : “Nggih mas, matur nuwun.”
Ditya : “Dek Tia, kula badhe matur kaliyan
sampeyan.”
Tia : “Matur napa ta mas?”
Ditya : “Dek Tia,
kula tresna marang adik. Kula pengin adik dados widadarinipun kula. Ampun
mendel mawon. Kula nengga wangsulan adik.”
Tia : “Mas
Ditya, Tia nyuwun dipun ciwit.”
(Ditya nyiwit pipine Tia karo ngguyu, amarga jalukene Tia
aneh)
Tia :
“Aduuuuh, lara! Aku ora ngimpi. Hehehehehe. Aku ora ngimpi.” (karo nangis)
Ditya : “Lho kok
nangis? Ampun nangis ta dek.
Tia : “Mas, kula
ugi tresna marang mas Ditya.”
Ditya ngaras
bathuke Tia. Mbak Via kang weruh ngguyu lan bungah. “Ya Allah, kula mboten ngimpi kan? Apa iki kasunyatan saka impenku
membengi? Sanadyan ora dadi garwane mas Ditya, nanging aku dadi pacare mas
Ditya. Hehehehehe. Aku bungah. Matur nuwun ya Allah. Muga impen mau bisa dadi
kasunyatan, sanadyan udu saiki tapi mbesuk yen aku lan mas Ditya wis padha duwe
kerjaan. Aamiin. J” Celathune Tia ing batin sinambi sendehan ing dadane
Ditya.
Ijo Royo-Royo Maneh
Lagi turonan, HPku
moni, pratanda ana SMS mlebu.
Lia… SesUk iJinna Aku yaA, Aku ora biSa
mangKat. Aku Mriyang, nek bisa Aku tanDa tanganNa sisaN yaA…
Owh, Nita SMS njaluk tulung. Aku
mbales,
Iya, taPi nEk tAnda TangaN akU ora
Bisa, Aku weDi. Kowe MriyanG apa?? Wis berObat Apa Urung??
SMS
ku sing terakhir ora di bales, mungkin lagi ora karuan. Aku lan Nita kekancan
apik saka Semester 2 wingi. Aku lan Nita wis kaya soulmate banget, ing ngendi ana
aku, mesti ana Nita. Aku lan Nita sejurusan lan asale pada-pada saka kota
ngapak.
Dina
senen wis mapan ing ngarep mata. Siap-siap kuliyah maneh. Teka ing kampus,
jebule kosong, namung nyerahake tugas lan tanda tangan. Aku tambah bingung, aku
kon nandatanganna Nita, tapi presensine manual, aku uga ora apal tanda tangane
Nita kaya apa. Aku meh ngijinna marang dosen, tapi dosenne ora rawuh. Hmm, aku
SMS takon wis mari apa urung, ora di bales.
Rong
dina, telung dina wis kelewat, Nita urung mangkat-mangkat kuliyah. Aku SMS,
telephon ora tau dibales lan ora tau diangkat. “Apa salahku? Apa Nita mriyange parah?” Grundelku ing ati.
Dina
kemis Nita mangkat kuliyah, nanging ana sing beda, ora nyapa aku, pasuryane uga
ora penak di sawang, mrengut marang aku. Ora suwe saka iku, aku diceritani
kancaku kang arane Lina, jebul Nita nesu marang aku, amarga aku ora gelem
presensiake Nita lan jere aku kaya ora percaya yen Nita kuwi tenanan mriyang.
Aku : “Ya Allah, aku ora ngono Lin, aku takon
Nita mriyang apa? Wis berobat apa urung? Kuwi kabeh amarga aku kepengin ngerti
keadaanne. Aku ora gelem presensiake Nita, amarga kowe ngerti dhewek Bu Ati
kuwi kaya apa. Nek seumpama aku ngomong nek Nita mriyang, aku kudu ngerti Nita
kuwi mriyang apa, mesthi ditakokake neng Bu Ati.”
Lina : “Iya Li, aku ya ngerti posisimu. Saiki
njelasake wae marang Nita nek pengirane kae kabehan salah.”
Aku : “Kowe ngerti dhewek kan? Ora tau gelem
ketemu lan nyapa aku.”
Lina :
“Ngesuk Insya Allah balik kaya biasane.”
Aku :
“Amin. Matur nuwun ya Lin.”
Lina :
“Nggih sami-sami.”
Dina
jum’at Nita esih tetep nesu. Aku bingung. Aku cerita marang Awan masalahku karo
Nita. Awan kuwi kanca apikku, pada-pada Semester 3 nanging beda jurusan. Awan
ngaweh saran pada kaya sarane Lina. Tapi aku njelasake yen neng kampus ora
bakal bisa.
Aku : “Owh ya wan, dina minggu ngesuk, Nita
ulang tahun. Aku pengin gawe surprise, sanadyan aku wedi surpriseku di tolak,
tapi aku pengin ngomong yen aku esih nganggep Nita kancaku. Menurutmu piye?”
Awan :
“Aku setuju li.”
Aku : “Tapi aku kancani tumbas boneka lan roti
ulang tahun. Gelem ora?”
Awan : “ Nggih om Lia, siip lah. Apa si yang ga
buat kamu. Hehehehehehe.”
Aku : “Huuuuu… lebay… Tante eror. Sesuk wengi
wae ya?”
Awan : “Siiip”
Awan kuwi senenge nek
ngundang wong ora tau bener, kadang ngundang aku Iguana, Neng belis, Tante, Om,
Pak de, pokoke semrawut. Setu wengi aku dikancani Awan tumbas roti lan boneka.
Muter-muter golek boneka ungu tapi ora ana. Sidane tumbas boneka pisang. “ Moga Nita seneng karo boneka iki. Amin.”,
omongku ing ati. Bibar tumbas boneka aku dikancani tumbas roti nang Awan.
Sakwise tumbas roti, Awan lan aku mulih. Saktekane ing kos.
Awan :
“Kok mrengut?”
Aku : “ Aku wedi wan, mbok Nita ora gelem
nrima iki kabeh, mbok Nita tetep nesu karo aku. Aku wegah meneng-menengan kaya
iki terus. Ora kepenak.”
Awan : “Lia… percaya wae ya. Pasti sesuk wis kaya
biyen maneh. Ora meneng-menengan lan Nita ora nesu maneh. Percaya ya?” Karo
ngelus sirahku.
Aku :
“Amiin.”
Awan : “ Sampun, Lia mlebet kos nggih, lajeng
bubu. Ngenjang badhe damel surprise kan?”
Aku : “Nggih, matur nuwun nggih wan sampun
ngancani tumbas roti lan boneka.”
Awan :
“Nggih, sami-sami.”
Sakwise
salaman, aku mlebu kos. Aku seneng duwe kanca kaya Awan, bisa gawe aku adem.
Jago
kluruk, pratanda esuk wis teka. Aku siap-siap arep menyang kose Nita. Jam 10
Awan wis nang ngarep kos. Saktekane ing kose Nita, aku bingung, akhire aku
njaluk tulung marang mba kose, Nita kon metu ing latar. Sakwise ngerti Nita wis
metu, aku marani Nita karo nggawa roti kang ana liline lan nyanyi Happy
Birthday. Nita kang weruh aku, langsung ngrangkul aku. Ngomong nek Nita saying
karo aku, kesel nek kudu meneng-menengan wae. Aku lan Nita padha-padha njaluk
pangapura. Akhire aku apikan maneh karo Nita. Awan kang weruh uga mesem melu seneng.
Aku uga kudu matur nuwun marang Awan, kang wis setia ngancani aku tekan aku
apikan maneh karo Nita. Alhamdulillah, akhire godhong kekancan kang garing wis
ijo royo-royo maneh.
0 komentar:
Posting Komentar