Jumat, 05 Juli 2013

Soal Bahasa Jawa untuk Kelas V Sekolah Dasar



SOAL-SOAL UNTUK KELAS V SEKOLAH DASAR


Disusun oleh :
Nama               : Yuliana Setiawanti
Nim                 : 2601409101


FAKULTAS BAHASA DAN SENI
JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2011


Mata Pelajaran          : Bahasa Jawa
Kelas                           : V (Lima)

I.                   Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan kang paling bener!
Wacan kanggo nomer 1-4, wacanen kanthi patitis!
Cedhak Kebo Gupak
Ing sawijining dina, Rinto budhal sekolah dhewekan amarga motor sing biasa kanggo ngeter sekolah lagi rusak. Rinto kagolong bocah kang sregep mangkat sekolah. Ing dalan, Rinto ketemu Tofik, kanca sekelase. Tofik cerita yen dheweke disanguni akeh dening ibune banjur Tofik ngajak Rinto menyang PS-an. Yen Rinto gelem PS-an, Rinto bakal dibayari dening Tofik. Amarga diiming-imingi dibayari, banjur Rinto gelem PS-an lan akhire mbolos sekolah.
1.      Sapa kang diajak mbolos sekolah?
a.       Rinto
b.      Tofik
c.       Ratno
d.      Rofik
2.      Kenapa Rinto gelem diajak mbolos sekolah?
a.       Amarga duite Rinto akeh.
b.      Amarga Rinto wis bosen sekolah.
c.       Amarga Rinto pengin gawe masalah.
d.      Amarga dijanjeni bakal dibayari PS-ane dening Tofik.
3.      Apa kawruh kang bisa kok pethik saka crita ing dhuwur mau?
a.       Aja seneng dolanan PS.
b.      Aja gampang kepengaruh ajakan kanca kang ora bener.
c.       Aja mangkat sekolah dhewean.
d.      Aja seneng mbolos sekolah.

4.      Cedhak Kebo Gupak ing wacan dhuwur ngemu teges?
a.       Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
b.      Cedhak karo kebo gupak bakal kotor.
c.       Cedhak karo kewan.
d.      Cedhak karo wong apik bakal katut apik.
Wacan kanggo nomer 5-7, wacanen kanthi patitis!
Bisma              : “Andre, ayo sinau. Mau ana PR apa ora?”
Andre              : “Lha niki taksih nggarap PR, mas.”
Bisma              : “PR apa?”
Andre              : “PR Basa Jawi, arane Satriya lan Kasatriyane.”
Bisma              : “Wis ngerti kabeh apa urung?”
Andre              : “Wonten ingkang dereng ngertos mas, Raden Werkudara menika satriya saking pundi mas?”
Bisma              : “Raden Werkudara iku satriya ing Jodhipati.”
5.      Sapa kang lagi pachelaton?
a.       Bisma
b.      Bisma karo Andri
c.       Andre
d.      Bisma karo Andre
6.      Apa kang digarap Andre?
a.       PR Basa Jawa, arane Ratu lan Negarane.
b.      PR Basa Jawa, arane Pandhita lan Pratapane.
c.       PR Basa Jawa, arane Satriya lan Kasatriyane.
d.      PR Basa Jawa, arane Gaman.
7.      Raden Werkudara iku satriya saka ndi?
a.       Madukara
b.      Sokalima
c.       Sawojajar
d.      Jodhipati
Wacan kanggo nomer 8-10, wacanen kanthi patitis!
Satriya ing Pringgondani kang asesilih Raden Tetuka. Putrane Harya Werkudara lan ibu Dewi Arimbi. Yekti satriya kang gagah prakosa sekti mandraguna prasasat otot kawat balung wesi sungsum gegala, ora tedhas tapak palune sisane gurenda, yen tinatah mendat kalamun jinara menter.
Panjenengane darbe sanjata peparinge Dewa kang awujud :
-          Caping Basunanda, kalamun den watek : Udan nora kodanan, kalamun panas datan kepanasan.
-          Kotang Antrakusuma, daya kesaktiane : Bisa ngambah dirgantara kang tanpa elar.
-          Kasut Pada Kacerma, kang darbe daya pangaribawa : Bisa mletik kang tanpa suthang.
8.      Crita ing dhuwur nyaritakake ….
a.       Werkudara
b.      Dewi Arimbi
c.       Raden Gathotkaca
d.      Kotang Antrakusuma
9.      Bisa ngambah dirgantara kang tanpa elar kuwi kesaktian sanjata kang awujud apa?
a.       Kotang Antrakusuma
b.      Caping Basunanda
c.       Kasut Pada Karcema
d.      Pancasona
10.  Kotang Antrakusuma, daya kesaktiane : Bisa ngambah dirgantara kang tanpa elar.
Dasanama ukara kang kacethak miring yaiku ….
a.       srengenge
b.      wulan
c.       langit
d.      lintang

Wacan kanggo nomer 11-13.
Wara-wara
Wara-wara iki diaturake saka pengeras suara masjid ing Desa Kecitran.
Ngaturi priksa dhumateng warga Rt 06 /02 Desa Kecitran, bilih sedaya bapak lan pemuda-pemudi kasuwun makempal wonten ing :
Dinten             : Minggu Wage, surya kaping 23 Oktober 2011
Wanci              : Tabuh 10.00 WIB
Wonten ing     : Dalemipun Bapak ketua RT
Saperlu            : Kerja bakti lingkungan
Mekaten, mugi ndandosaken kawuningan, matur nuwun.
11.  Wara-wara mau ditujokake kanggo sapa?
a.       ibu-ibu.
b.      bapak-bapak lan pemuda-pemudi.
c.       ibu-ibu lan bapak-bapak.
d.      ibu-ibu lan pemuda-pemudi.
12.  Kenapa bapak-bapak lan pemuda-pemudi dikon kumpul ing daleme Bapak ketua RT?
a.       saperlu kerja bakti.
b.      saperlu demo.
c.       saperlu ngresiki daleme Bapak ketua RT.
d.      saperlu mbongkar daleme Bapak ketua RT.
13.  Kapan kerja bakti bakal kelaksanan?
a.       Minggu Pahing, 23 Oktober 2011
b.      Minggu Wage, 23 Oktober 2011
c.       Minggu Legi, 23 Oktober 2011
d.      Minggu Pon, 23 Oktober 2011
Wacan kanggo nomer 14-15.
Bapak pucung
dudu watu dudu gunung
sabamu ing alas
ngon-ingone Sang Bupati
prapteng marga
si pucung lembehan grana
14.  Tembang ing dhuwur kalebu tembang ….
a.       Durma
b.      Pucung
c.       Sinom
d.      Mijil
15.  Dene batangane tembang ing dhuwur yaiku ….
a.       sepur
b.      klambi
c.       gajah
d.      ula
Wacan kanggo nomer 16-18, wacanen kanthi patitis!
Kidang lan Peksi Branjangan
Kidang wis ora duwe daya kanggo urip. Mung ngarep-ngarep manungsa kang arep nulungi. Peksi branjangan kangen karo kidang. Banjur peksi weruh kidang gumantung ing pategalan, Kidang kang diparani jebul esih urip, nanging ora bisa ngomong amarga gulune kajiret tangsul. Peksi branjangan weruh kahanan kidang banjur nangis. Branjangan duwe akal dadakan. Terus ngomong, “Kidang, mengko yen manungsa teka, kowe ethok-ethok mati. Ngampeta napas lan ngeremna mripatmu. Mesthi dikirane kowe wis mati suwe. Tali ing gulumu bakal diuculi. Yen kowe tiba saka gantungan enggal mlayu. Wis pituturku ringokna!”
16.  Crita ing dhuwur kedadeyan ana ing ….
a.       kebon
b.      sawah
c.       kali
d.      sumur
17.  Sapa sing bakal ethok-ethok mati?
a.       Peksi branjangan
b.      Kidang
c.       Peksi branjangan lan kidang
d.      Kidang lan walang
18.  Ringkesan cerita ing dhuwur yaiku ….
a.       Peksi branjangan nyiksa kidang.
b.      Peksi branjangan nangis weruh kahanan kidang banjur duwe akal dadakan kanggo nylametake kidang.
c.       Kidang tukaran karo peksi branjangan.
d.      Peksi branjangan nggantung kidang ing pategalan.
Wacan kanggo nomer 19-20.
?ankHymJen_[zkuquk-,[ynHnkCci=jen_[zlu/.
19.  Anak ayam jenenge?
a.       kuthuk
b.      gembluk
c.       engkuk
d.      drungkuk
20.  Anak cacing jenenge?
a.       blengur
b.      lur
c.       undur-undur
d.      ulur
21.  ?jemB/segr[nategesSb/.
Jembar Segarane ngemu teges?
a.       subur
b.      sabar
c.       sangar
d.      sumebar
22.  Becik ketitik ala ketara. Yen ditulis nganggo aksara Jawa ….
a.       becikKetitikHlketr
b.      [bcikKetitikHlketr
c.       becikeKtitikalketr
d.      [bcikKetitikalketr
23.  b/[bh saka tembung ….
a.       bub/ lan k[bh
b.      bb/ lan k[bh
c.       bub/ lan ku[bh
d.      bub/ lan kbeh
Geguritan kanggo nomer 24-25, wacanen kanthi patitis!
Dhuh Bengawan Solo
Mbujung geguritan sadawaning milining banyu panguripan
Esuk iki sliramu nglarak lan mbandang impening kadang tani
Ana tangis kang ndudut ati
Sing wiwit kelangan gondhelan panguripan
24.  Irah-irahan kang trep kanggo geguritan ing dhuwur yaiku ….
a.       bengawan solo
b.      kelangan
c.       tangis
d.      panguripan

25.  Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ….
a.       banjir
b.      ndudut ati
c.       tangis
d.      kadang tani
26.  1.   Raden Abimayu satriya ing Madukara.
2.   Sega sekepel dirubung tinggi, cangkrimane yaiku salak.
3.   Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso, wangsalane yaiku so.
Ukara  kang bener yaiku ….
a.       Ukara 1 lan 2 bener.
b.      Ukara 1 salah, ukara 2 lan 3 bener.
c.       Ukara 1 bener, ukara 2 lan 3 salah.
d.      Ukara 1 lan 2 bener, ukara 3 salah.
27.  Ibu Retno        : “Ran, ibumu lagi neng ngendi?”
Rani                 : “Ibu wonten peken, bu.”
Ibu Retno        : “Lha arep tuku apa?”
Rani                 : ….?
Basa karma kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
a.       Ibu badhe mundhut ulam.
b.      Ibu badhe mundhut iwak.
c.       Ibu arep mundhut iwak,
d.      Ibu arep tuku iwak.
28.  Silva    : “Bapak kalawau kondur jam pinten?”
Bapak  : “Aku dhek mau … rada sore, jam papat.”
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
a.       kondur
b.      bali
c.       mantuk
d.      budhal
29.  Aku tangi, tembung tangi sing bener yen dianggo anak marang ibune yaiku ….
a.       wungu
b.      siram
c.       dhahar
d.      sare
30.  Basa krama sing bener yen dianggo Tanti marang Bapake yaiku ….
a.       Bapak dereng adus?
b.      Bapak dereng siram?
c.       Bapak dereng pakpung?
d.      Bapak urung adus?
Wacan kanggo nomer 31-33, wacan kanthi patitis!
Semarang, 23 Oktober 2011
Kanggo:         
Kancaku Nisa
Ing Jakarta

Assalamu’alaikum wr.wb
Kanthi layang iki aku menehi kabar sawiji apa. Muga-muga awakmu ing Jakarta semono uga. Amin.
Nisa, kepriye kuliyahmu? Lancar ta? Sing sregep anggonmu sinau ya, ben dhewe bisa wisuda bareng-bareng sanadyan ana ing papan kang beda. Oh iya, taun baru sesuk aku karo kanca-kanca SMA sing liyane arep nganakake kumpul-kumpul ing omahku. Diusahake awakmu bisa bali ya? Ben bisa kumpul-kumpul, aku wis kangen banget karo awakmu. Nek bali, aja lali oleh-olehe ya? Hehehe.
Wis ya nis kabar saka aku.
Wassalamu’alaikum wr.wb

Saka kancamu

Anna
31.  Sapa sing kirim layang?
a.       Anna
b.      Nisa
c.       Anna lan Nisa
d.      Kanca-kanca SMA
32.  Layang mau digawe ana ngendi lan kapan nggawene?
a.       Semarang, 23 Oktober 2011
b.      Jakarta, 23 Oktober 2011
c.       Semarang, 23 Oktober 2001
d.      Jakarta, 23 Oktober 2001
33.  Apa isi layang ing dhuwur?
a.       Anna ngabari yen taun baru sesuk dheweke bakal menyang Jakarta.
b.      Anna njaluk oleh-oleh marang Nisa.
c.       Anna ngabari yen taun baru sesuk dheweke bakal dhewekan ing omah.
d.      Anna ngabari yen taun baru sesuk dheweke karo kanca-kanca SMA arep nganakake kumpul-kumpul ing omahe.
Wacan kanggo nomer 34-38, wacanen kanthi patitis!
Jum’at wengi, tanggal 21 Oktober 2011, Desa Legok ngadakake tontonan wayang. Tontonan kuwi mapan … latar daleme Pak RT, labuh jam 8 wengi(34). … udan, kursi-kursi kang wis ditata ketampuh banyu udan, ndadekake kursi-kursi kuwi pada teles ora bisa dijagongi(35). Nanging, sanadyan udan, wong kang nonton tetep akeh. Gedhe … , tua …, lanang … padha nonton wayang(36). Sansaya wengi, tontonan wayange tambah rame. Dalange ugi lucu marakake wong-wong pada ngguyu … ora ngantuki (37). Kahanan ing tontonan wayang kuwi wis nggambarake … acara ing wengi kuwi bisa sukses amarga bisa kalakon kanthi lancar lan bisa narik wong-wong supaya pada nonton wayang (38).

34.  Tembung panggandheng kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …
a.       sing
b.      amarga
c.       ing
d.      karo
35.  Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
a.       sing
b.      amarga
c.       ing
d.      karo
36.  Kosok balen kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
a.       cilik, enom, wadon.
b.      enom, wadon, cilik.
c.       wadon, cilik, enom.
d.      enom, cilik, wadon
37.  Tembung panggandheng kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …
a.       sing
b.      lan
c.       ing
d.      karo
38.  Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
a.       sing
b.      amarga
c.       yen
d.      karo
39.  Awake – semangka – saiki – Marni – kuru
Ukara sing bener yaiku ….
a.       Marni kuru semangka saiki awake.
b.      Marni saiki awake kuru semangka.
c.       Kuru semangka saiki awake Marni.
d.      Kuru semangka awake Marni saiki.
40.  Iku – jembar – kang – wong – segarane – Rini
Ukara sing bener yaiku ….
a.       Jembar segarane wong iku kang Rini.
b.      Wong kang segarane jembar Rini iku.
c.       Rini iku wong kang jembar segarane.
d.      Rini wong iku kang jembar segarane.

II.                Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
41.  Gawea paragraf kang isine nyritakake benda kang ana ing sekitarmu! Paling sithik 5 ukara!
42.  Wedang bubuk gula Jawa.
Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara jawa!
43.  Aku lunga menyang omahe simbah, nalika Bapak mulih saka kantor.
Ukara ing dhuwur tulisen nganggo basa karma!
44.  Anggi nyirami wit lombok ing kebon mburi.
Ukara ing dhuwur owahana dadi ukara tanggap!
45.  Tulisake ukara pitakon kang wangsulane “ing pasar”!










0 komentar:

Posting Komentar